Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
D.I. Pandjaitan ya iku pahlawan revolusi Indonésia.[1] Lair ing Balige, Tapanuli, tanggal 9 Juni 1925. Séda ing Jakarta 1 Oktober 1965, lan disaréaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta.[2]
Asma lengkapé ya iku Donald Ignatius Panjaitan' nanging kondhang kanthi asma D.I. Pandjaitan.[2] D.I. Pandjaitan wiwit militèré ing pendhidhikan sukarela Gyugun, banjur ditugasaké ing Pekanbaru, Riau. Sawisé proklamasi Kamardikan, D.I. Pandjaitan lan kanca-kancané mbentuk TKR ing laladan Sumatera kang sabanjuré diganti dadi TNI (Tentara Nasional Indonésia). Ing jaman iku D.I. Pandjaitan ditunjuk dadi Komandan Batalyon.[2]
Taun 1948, D.I. Pandjaitan diangkat dadi Komandan Pendhidhikan Divisi IX/Banteng ing Bukit Tinggi. Sawisé iku diangkat dadi Kepala Staff Umum IV Komandemen Tentara Sumatera kang tugasé nangani masalah suplai lan perbekalan. Jabatan pungkasané ya iku Asistèn IV Men/Pangad.[2]