Delta Putra Sidoarjo

Deltras FC
Logo Deltras
Jeneng dawaDelta Putra Sidoarjo Football Club
ParabanThe Lobster
Yasa1989 sebagai Gelora Dewata '89
SetadhiyonStadion Gelora Delta
Momotan35.000
LigaLiga Super Indonésia
2011-1215
Kandhang
Njaban

Delta Raya Sidoarjo (biyasa kasingkat: Deltras) yaiku klub bal-balan profésional kang markase ana ing kabupatèn Sidoarjo, Jawa Wétan. Klub kang duwé jejuluk The Lobster iki ing taun 1989 wayah diadhekake jenenge Gelora Dewata '89 kanthi markase ana ing Bali. Gelora Dewata diadhekake déning pengusaha HM. Mislan. Gelora Dewata pindah marang Sidoarjo ing mangsa kompetisi 2001. Wiwit pira-pira tetandhingan awal Divisi Utama LI 2001, kanthi migunaake jeneng Gelora Putra Delta.[1]

Gelora Delta Putra banjur ganti nama dadi Delta Putra Sidoarjo utawa Deltras lajeng (taksih taun 2001 uga). Ing 2003 tumeka wayah iki, status kepemilikan kaubah saka HM. Mislan marang pamaréntah kabupatèn Sidoarjo. Ing 2011, Pemkab kaubah jeneng dadi Delta Raya Sidoarjo.

  1. http://www.goal.com/id-ID/teams/indonesia/1240/deltras-fc/profile, dipunundhuh tanggal 30 Januari 2013.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne