Dewahuti

Dewahuti

Dewahuti (Sanskerta: देवहूति; Devahūti) inggih punika salah satunggaling paraga wonten ing mitologi Hindhu, putri Swayambu Manu kaliyan Satarupa. Dewahuti dipungarwa Resi Kardama. Kardama kaliyan Dewahuti manggèn ing wilmana (wahana ilahi), papan ingkang dipundamel Kardama dumugi 100 taun. Panjenenganipun gadhah putri cacah sanga, inggih punika Kala, Anasuya, Srada, Hawirbu, Gati, Kriya, Kyati, Arundati, sarta Santi. Sedaya putri dipungarwa resi agung, kados ta Marici, Atri, Anggira, Pulastya, Pulaha, Kratu, Bregu, Wasista, saha Atarwa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne