Dewaki

Dewaki (Sanskerta: देवकी; Devaki), wonten ing mitologi Hindhu minangka garwanipun Basudewa, saha ibunipun Krishna kaliyan Baladewa. Panjenenganipun putrinipun Dewaka-rayinipun Raja Ugrasena saking Mathura. Panjenenganipun minangka inkarnasinipun Aditi-ibu saking Déwa. Dewaki kaliyan Basudewa dipunukum déning sepupunipun, ingkang asma Kamsa, amargi wonten ramalan ingkang nyebataken manawi salah satunggaling putranipun Dewaki kaliyan Basudewa wonten igkang badhé mejahi.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne