Dian David Michael Jacobs

Dian David Michael Jacobs (lair tanggal 21 Juni 1977 ing Ujung Pandang, Sulawesi Kidul), utawa luwih kawentar mawa jeneng David Jacobs, iku atlit disabilitas Indonésia sing main tenis méja (pingpong). Saiki levèlé para Kelas 10. David lair ing Ujung Pandang lan wiwit umur 10 taun wis mlejit ing kompetisi nasional. Ing taun 2000 dhèwèké wiwit main kanthi internasional. Ing taun 2001 dhèwèké menangaké medali emasé sing kapisan ing SEATTA Games ing Singapura. Wiwit taun 2010 dhèwèké wis mèlu kompetisi ing ténis méja para. Sanadyan mangkono dhèwèké luwih kerep main nglawan para atlit sing ora nduwé disabilitas. David mèlu tetandhingan ing Paralimpik Mangsa Panas ing taun 2012 ing London lan menang medali prunggu. David Jacobs iku katurunan Ambon utawa Maluku.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne