Din Syamsuddin

Gambar Din Syamsudin

Prof. Dr. Sirajuddin Syamsuddin, utawi kang langkung misuwur dipuntimbali Din Syamsuddin inggih punika politisi ingkang samangke dados Ketua Umum Pimpinan Pusat Muhammadiyah periode 2005-2010.[1] Miyos ing Sumbawa Besar, Nusa Tenggara Barat tanggal 31 Agustus 1958.[1] Asma garwanipun, Fira Beranata lan sampun patutan tiga.[1]

Piyambakipun nglampahi pendhidhikan sarjana ing IAIN Jakarta, lan banjur nglajengaké pascasarjana ing University California ing Los Angeles (UCLA) ing Amérikah Sarékat.[1]

Din naté nyambut damel ing pamaréntahan nglenggahi kalungguhan mawi Dirèktur Binapenta Departemèn Tenakerja Indonésia.[1] Wonten ing kagiyatan organisasi, Din naté dados Ketua DPP Sementara Ikatan Mahasiswa Muhammadiyah (1985), Ketua Umum PP Pemuda Muhammadiyah (1989-1993), Wakil Ketua PP Muhammadiyah (2000-2005) Sekretaris Umum Majelis Ulama Indonesia (MUI), dan Ketua Litbang Golongan Karya.[1]

Rikala dados ketua PP Muhammadiyah, piyambakipun asring ditimbali supados rawuh ing konferènsi-konferènsi tingkat internasional kang ngrembag babagan gegayutan antawisipun umat beragama lan perdamaian.[2] Ingkang énggal, piyambakipun ditimbali rawuh ing Vatican kanggé maringi sesorah umum ngenani terorisme ing kontèks pulitik lan idiologi.[2] Miturut pamanggihipun Din terorisme luwih trep manawi disambungaken kaliyan isu pulitik tinimbang isu idiologi.[2] Piyambakipun ugi boten remen manawi wonten golongan umat Islam ngginakaken agamanipun rikala wonten aksi-aksi terorisme amargi aksi-aksi kados makaten malah ndadosaken Islam nandang tuna ing tingkat internal umat Islam utawi ing internasional.[2]

Din Syamsuddin dipriksani mawi pemimpin umat Islam boten namung amargi piyambakipun Ketua Umum Muhammadiyah, nanging langkung amargi kapinteran anggènipun wicantenan kaliyan sadaya pérangan umat beragama, manawi antawisipun sami-sami tiyang Islam, utawi kaliyan umat beragama sanèsipun.[1]

  1. a b c d e f g profil Din Syamsuddin Archived 2012-09-23 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 28 September 2012)
  2. a b c d Din Syamsudin: Jangan Kaitkan Teroris dengan Islam (dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne