Dinar (utawa b. Arab: دينار dīnār) iku valuta resmi kang dipigunakaké sapérangan nagara. Ing jaman biyèn, koin dhinar mas dipigunakaké wiwit mangsa Islam kanggo kagiyatan ijol-ijolan barang utawa jasa ing wewengkon kakalifahan. Panguwasa Islam iku sajatiné nyonto dhuwit koin mas saka Kakaisaran Romawi Wétan (Bizantium), kang arané dēnārius auri.