Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Dinasti Goryeo inggih punika dinasti ingkang dipunyasa déning Wang Geon ing Songdo, (Kaesong ing wanci punika) saking taun 918 ngantos 1392.[1] Dinasti Goryeo gayutaken Tiga Karajan Akhir Koréa kaliya nguwasani Silla lan numbangaken kraton Baekje Akhir (Hubaekje) taun 935. Asma Goryeo inggih punika cekakan saking asma Karajan Koréa, Goguryeo. Nama Koréa ugi dipunpendhet saking tembung Goryeo. Ing antawisipun raja ing dinasti Goryeo, raja ke-31, inggih punika raja Gongmin punika raja ingkang ternama, sanèsipun raja pendiri dinasti Goryeo, inggih punika raja Taejo ingkang namanipun asli Wang Geon.[2] Penemuan ingkang misuwur saking Dinasti Goryeo inggih punika piranti cetak kawiwitan ing donya (taun 1234) lan Tripitaka Koreana. Dinasti Goryeo dipunpungkasi déning pemberontakan ingkang dipunlampahi déning Jenderal Yi Seong-gye taun 1392 lan dipun-gantos déning Dinasti Joseon.