Dinosaurus (Yunani δεινόσαυρος, deinosauros) iku kéwan reptilia sing wis ana yutaan taun mbiyèn tegesé ing jaman Mesozoikum. Kéwan sing urip ing Zaman prasajarah iki ora kabèh diarani/dianggep dinosaurus. Kéwan iki dominan ing ékosistem dharat suwéné punjul 160 yuta taun, saka periodeTrias Tua (watara 230 yuta taun kapungkur) tekan akir periodeKapur (watara 65 yuta taun kapungkur), nalika akèh saka dinosaurus-dinosaurus iku cures nalika prastawa kapunahan Kapur-Tersier. Sepuluh èwu jinis manuk sing urip saiki wis diklasifikasikaké minangka dinosaurus.
↑Matthew G. Baron; Megan E. Williams (2018). "A re-evaluation of the enigmatic dinosauriform Caseosaurus crosbyensis from the Late Triassic of Texas, USA and its implications for early dinosaur evolution". Acta Palaeontologica Polonica. 63. doi:10.4202/app.00372.2017.
↑Andrea Cau (2018). "The assembly of the avian body plan: a 160-million-year long process" (PDF). Bollettino della Società Paleontologica Italiana. 57 (1): 1–25. doi:10.4435/BSPI.2018.01.