Dolanan utawa memengan bisa diartikaké aktivitas rékréasi kanggo seneng-seneng, ngisi wektu utawa ulah raga. Ana warna-warna dolanan kang bisa dipérang dolanan tradhisional kanggo bocah cilik, dolanan tradhisional kanggo wong diwasa lan dolanan kang migunakaké piranti èlèktronik utawa komputer.