Mgr. Dominikus Saku | |
---|---|
Uskup Atambua | |
![]() | |
Gréja | Gereja Katolik Roma |
Keuskupan | Atambua |
Didhapuk | 2 Juni 2007 ( 17 taun, 275 dina) |
Sadurungé | Anton Pain Ratu, S.V.D. |
Jabatan liyane |
|
Ordo | |
Penobatan | 29 September 1992[1] |
Penahbisan | 21 September 2007 ( 17 taun, 164 dina) dening Anton Pain Ratu, S.V.D. |
Detil pribadhi | |
Jeneng lair | Dominikus Saku |
Lair | 3 April 1960 (umur 64)![]() |
Kabangsan | ![]() |
Denominasi | Katolik Roma |
Singgasana | Keuskupan Atambua |
Sesanti | Vos Amici Mei Estis (Kamulah Sahabat-Sahabat-Ku) |
Lambang | {{{coat_of_arms_alt}}} |
Prof. Mgr. Dominikus Saku (lair ing Taekas, Miomaffo Timur, Timor Tengah Utara, Nusa Tenggara Timur, Indonesia, 3 April 1960; umur 64 taun) yaiku Uskup ing Keuskupan Atambua sing makarya wiwit kadhapuk ing tanggal 2 Juni 2007 tumeka saiki.
Saku lumebu pawiyatan ing seminari diosesan ing Atambua. Sabanjuré, dhèwèké nerusaké sinau teologi lan filsafat ing Seminari St. Petrus, Ritapiriet, Maumere.[2]
Saku ditahbisaké minangka imam diosesan ing diosesan Keuskupan Atambua tanggal 29 Sèptèmber 1992. Sabanjuré ngayahi jejibahan minangka pambiyantu ing Seminari St Damian, Atambua, lan nerusaké pawiyatan nganti taun 1999 ing Universitas Kepausan Urban, Roma, Italia.[3] Awit taun 1999, dhèwèké kasil ngrengku gelar profesor filsafat ing Seminari Tinggi Kupang lan Universitas Katolik Widya Mandira. Taun 2001, ia nampa panugasan bidang disiplin ing seminari Kupang. Taun 2003 kadhapuk minangka pastor pambiyantu ing Baun lan Katedral Kupang. Pungkasane, dadi profesor lan Formatur Seminari Tinggi Kupang.
Saku kadhapuk minangka Uskup ing Keuskupan Atambua tanggal 2 Juni 2007. Dhèwèké nerusaké pakaryané Mgr. Anton Pain Ratu, S.V.D. Pain Ratu sabanjuré ngayahi jejibahan minangka Panahbis Utamané, kairing Uskup Agung Petrus Turang saka Kupang lan Uskup Gerulfus Kherubim Pareira, S.V.D. saka Weetebula. Panahbisan kalaksanan ing tanggal 21 Sèptèmber 2007.[4]
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)