Drama (Yunani Kuna: δρᾶμα) iku salah sawijiné karya sastra kang duwé pérangan kanggo diperanaké déning paraga aktor. Kosakata iki asal saka Basa Yunani kang tegesé "aksi" utawa "tumindak". Saking basa Yunani, tembung draomai utawi Drama punika tegesipun: Tumindak, laku, aksi. Drama punika saged dipunsebat gambaraning pagesangan manungsa. Tembung drama asring sinambetan kaliyan Sandiwara utawi teater. Sandiwara saking tembung basa Jawa yaiku sandi ingkang ateges rahasia lan tembung warah ateges ajaran. Sandiwara punika ajaran ingkang dipunwedharaken kanthi rahasia utawi boten terang-terangan. Sejatosipun teater gadhah teges ingkang luwih amba amargi saged ateges gedung pertunjukan, panggung, group pemain drama, ugi saged ateges sadaya wujud tontonan ingkang dipentasaken ing ngajeng tiyang kathah.
Seni drama utawi téater punika seni pertunjukan audio visual amargi saged disadap kanthi ngginakaken indera paningalan lan saged dimirengaken. Ing seni drama utawi téater, kawontenanipun paningal lan paraga sami-sami wigati. Interaksi ingkang saé antawisipun paraga kaliyan paningal punika dados wosing prastawa téater wau. Drama punika saged dipunsebat potrét pagesangan manungsa. Drama bisa diwujudaké mawa manéka medhia: ing ndhuwur panggung, filem, lan utawa télévisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan jogèd, kaya déné sajeroning sawiji opera (pirsani melodrama).