E-wayang punika wayang kang sadaya prosès pendamelanipun ngginakan sarana lan fasilitas dhigital (piranti alus) kanggé yasa pérangan ingkang minangka wujud e-wayang, kalebet ugi ing sajeroning pagelaran wayang ngginakaken sarana komputer. Sedaya prosès punika miturut prosès dhigital, saéngga dados wujud wayang ingkang wonten ing format-format dhigital lan saged dipunsajèkaken dados pagelaran dhigital kanthi program komputer.
Lairipun e-wayang punika dipuntiti kaliyan sengkalan:
Sengkalan punika sampun dipunripta wayang dhigital Ismaya, déwa ingkang ngulandara ing jagad kanggé nemong trah witaradya.