Elia | |
---|---|
![]() Elia mbangkitaké putra rondho ing Sarfat, lukisan Louis Hersent | |
Nabi, Pelihat | |
Miyos | Tisbe, Gilead |
Dipun urmati ing | agama-agama: Yahudi Islam Kristen |
Dinten pèngetan | 20 Juli |
Atribut | Nabi |
Elia (Ivri: אליהו
Eliyahu, artiné "Yahweh iku Allah";[1]
Arab: إلياس Ilyās; Inggris: Elijah utawa Elias) iku sawijining nabi ing Karajan Israèl Lor[2] nalika jaman papréntahan raja Ahab, Ahazia lan Yoram watara abad angka 9 SM, miturut Kitab Raja-raja sajeroning Alkitab Ibrani utawa Prajanjian Lawas Alkitab Kristen. Elia uga dicathet sajeroning Prajanjian Anyar lan Al Quran. Dhèwèké dihurmati sajeroning agama Yahudi, Kristen lan Islam. Dhèwèké asalé saka Tisbe, Gilead.[3]