Eri Kisaki (lair 1951) yaiku ibu saka Ran Mouri. Eri Kisaki (妃 英里 Kisaki Eri?) yaiku ibu Ran Mouri minangka istri Kogoro Mouri. Panjenengané makarya dadi pengacara lan misuwur dadi "Ratu Pengacara". Panjenengané pegatan karo Kogoro Mouri wiwit 10 taun kapungkur amarga bojoné (Kogoro) asring mendèm-mendèman, totohan balapan jaran kang kalakuan kang asifat ora ditresnani.[1].Wiwit kadadéan iku Erik isih migunakaké ali-ali kawin lan isih tresna marang.[1].Panjenengane duwé salh sijiné kéwan kang ditresnani yaiku kucing jinis Russian Blue kang duwé jeneng Goro jeneng iku dijupuk saka Kogoro mantan bojoné.[2] Seiyū-né yaiku Gara Takashima lan pangisi swara nganggo basa Inggris yaiku Julie Mayfield.[3][4] Ing versi sajeroning basa Inggris, Eri Kisaki duwé jejulukan utawa jeneng Eva Kadan.