Eutheria

Eutheria iku takson sajeroning mamalia plasental, kaya déné manungsa. Jeneng Eutheria asal saka basa Yunani, eu-: "tuwuh kanthi apik", lan ther: "kéwan galak". Eutheria kawanuhaké déning Thomas Henry Huxley taun 1880. Kabèh Eutheria wujud mamalia plasental. Anggota Eutheria bisa tinemu ing kabèh bawana lan samodra.

  1. "Eutheria phylogeny". Mikko's Phylogeny Archive. Diarsip saka sing asli ing 2008-01-28. Dibukak ing 2006-03-08.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne