Faozan Rizal | |
---|---|
![]() |
Faozan Rizal (lair di Kabupatèn Tegal, Jawa Tengah, 1973; umur 52 taun) inggih punika salah satunggalipun juruh arah film saking Indonesia. Namanipun misuwur wonten ing kancah film nalika kadhapuk minangka sutradara film Habibie & Ainun ingkang dipunparagani Reza Rahadian lan Bunga Citra Lestari (2012). Sadèrèngipun, Faozan langkung kathah makarya sawingkingipun geber, mbiyantu Hanung Bramantyo minangka panata sinematografi lan panata kodhak.