Filologi

Filologi iku siji kawruh ngenani sastra-sastra sajeroning pangertèn amba kang uga ngandhut wengkon basa, sastra lan budaya.[1] Filologi iku nyinaoni tèks utawa sastra mawa kombinasi ngèlmu sastra, sajarah lan linguistik.[2] Ing Tanah Jawa utawa ing Indonésia kanthi umum, objèk panalitèn filologi iku naskah-naskah kuna kang diturunaké ing dluwang utawa rontal. Dadi filologi diréwangi ngèlmu kodikologi lan paléografi. Kodikologi iku ngèlmu prakara buku-buku lan paléografi iku ngèlmu prakara sajarah aksara. Anggenipun panaliten filologi utawi panaliten wonten ing naskah-naskah kuna, kedah nggatosaken tata caraning panaliten amargi objek filologi utawi naskah punika kalebet benda bersejarah ingkang kedah dipunjaga kawontenanipun.

  1. Pengantar Téyori Filologi. (Siti Baroroh Baried et al (1985:1))
  2. Philology

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne