Fosil yaiku kabèh sisa, tipak, utawa cethakan saka manungsa, kéwan, tuwuhan, kang kaawetake ing sajeroning watu saka wektu géologi utawa prasajarah ing jaman biyèn.[1][2] Isa diarani fosil yèn umuré wis ewunan taun.[2] Kanggo dadi fosil, sisa kéwan lan tuwuhan iku mau kudu katutup sedimen.[3]