Furisode

Wanita enèm ngagem furisode

Furisode (振袖?) inggih punika kimono mawi lengen wiyar ingkang dipunagem déning wanita enèm ingkang dèrèng manten [1], Dipundamel saking bahan kanthi warni ingkang cerah, motif kain wujud kembang lan tuwuhan, kaÈndahan mangsa, kéwan utawi peksi ingkang dipungambar ngginakaken asta mawi teknik yuzen. Kain ugi saged langkung mewah kanthi tambahan bordiran benang emas. Bikakan ing pérangan lengen celak kaliyan kèlèk dipunwastani furiyatsuguchi (振八つ口?). Bikakan mau sengaja boten dipunjait dumugi mbentuk kantong lengen busana ingkang dipunsebat tamoto (?) dumugi pérangan pucuk lengen. Wiyaripun tamoto ing furisode dumugi 114 cm utawi menjuntai dumugi sakiwa-tengené pergelangan suku.

Miturut urutaning tingkat formalitas, furisode punika kimono ingkang paling formal [2] sejajar kaliyan kurotomesode, irotomesode, lan homongi. Furisode dipunagem minangka busana ingkang saé piyambak kanggé pista mantenan (nalika dugi minangka tamu utawi minangka busana penganten wanita), miai, lan upacara resmi, kados ta seijin shiki, wisuda, utawi resepsi bibar wisuda (shaonkai). Alas suku kanggé furisode punika zōri mawi hak inggil.

  1. kimono[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)
  2. Jinis-jinis kimono[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne