Fusi nuklir (reaksi termonuklir) ning ngèlmu fisika iku prosès nalika ana inti atom (punjul siji) kang nggabung , mbentuk inti atom kang luwih gedhé lan nguculaké ènergi. Fusi nuklir iku bisa dadi sumber ènergi kang nyebabkaké lintang murub, lan Bom Hidrogen mledak. senjata kang dikasilaké saka prinsip reaksi fisi nuklir dan fusi nuklir iku senjata nuklir
Prosès iki mbutuhaké ènergi kang gedhé kanggo nggabungaké inti nuklir, uga mbutuhaké elemen kang paling entheng, hidrogen. Nanging fusi inti atom kang entheng iki bakal mbentuk inti atom kang luwih gedhé lan neutron bébas, ngasilaké ènergi kang luwih gedhé manèhm kaya ta ènergi kang gunané ngabungaké kabehé.
Energi kang diuculaké nalika reaksi nuklir luwih gedhé tinimbang reaksi kimia, amarga ènergi pengikat kang ngelem loroané inti atom luwih gedhé saka ènergi kang nahan elektron maring inti atom. Tuladhané, ènergi ionisasi kang tinemu saka penambahan elektron maring hidrogen iku 13.6 elektronvolt—luwih cilik 1 per sayuta saka 17 MeV kang diuculaké nalika reaksi D-T, kaya gambar ning pinggir