Gabah

Gabah pari kultivar IR64
Gabah pari ketan, warnanipun langkung coklat tinimbang gabah IR64

Gabah punika bulir pari ingkang sampun kapisah saking damèn utawi merang.

Perdhagangan pari parté ageng punika ing wujud gabah, amargi gabah ingkang sampun garing punika boten gampang risak (bosok) lan langkung awet manawi dipunsimpen. Dhefinisi teknis perdhagangan kanggé gabah, inggih punika asil tetuwuhan pari ingkang sampun kapisah saking gagangipun kanthi cara dipunrontogaken.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne