Gastronomi utawa tata boga ya iku seni utawa èlmu ngenani panganan kang apik (good eating).[1] Wedharan kang luwih ringkes nyebutaké gastronomi minangka samubarang kang gegayutan karo énaké panganan lan ombèn-ombèn.[1] Sumber liya mratélakaké yèn gastronomi minangka studi ngenani sesambungan antarané budaya lan panganan, ing ngendi gastronomi ngrembug pirang-pirang komponèn budaya kanthi panganan minangka punjeré (seni kuliner).[1][2] Sesambungan budaya lan gastronomi kawujud amarga gastronomi ya iku produk budidaya ing kagiyatan tani saéngga pangejawantahan warna, aroma, lan rasa saka sawijining panganan bisa ditelusuri asal-muasalé saka lingkungan panggonan bahan bakuné diasilaké.[3]
Rong atus taun kapungkur, tembung gastronomi kang wiwitan ana ing jaman modhèren ya iku ing Prancis ing gurit anggitane Jacques Berchoux (1804).[4] Sanajan popularitas tembung mau sansaya mundhak kawit nalika iku, gastronomi isih angèl didefinèkaké.[4] Tembung gastronomi asalé saka Basa Yunani kuna gastros kang ateges "lambung" utawa "weteng" lan nomos kang ateges "ukum" utawa "aturan".[4] Gastronomi ngemot studi lan apresiasi saka sekabehing panganan lan ombèn-ombèn.[1] Saliyané iku, gastronomi uga ngemot kawruh kanthi pepak ngenani panganan lan ombèn-ombèn nasional saka pirang-pirang nagara gedhé ing saubengé dunya.[1] Peran gastronomi ya iku minangka landésan kanggo mangerténi kepriyé panganan lan ombèn-ombèn digunakaké sajeroning kaanan-kaanan tertamtu.[1] Lumantar gastronomi bisa kanggo yasa sawijining gambaran saka persamaan utawa perbedaan pendekatan utawa prilaku marang panganan lan ombèn-ombèn kang digunakaké ing pirang-pirang nagara lan budaya.[1]