Genre musik utawa jinis musik ya iku pamérangan musik kang manut karo èmper-èmperan utawa padha klawan musik liyané. Musik uga bisa diklasifikasikaké miturut kritéria liyané, contoné géografi. Sawijining genre bisa ditetepaké déning teknik musik, gaya, konteks, lan téma musik.