Georges Cuvier

Georges Cuvier

Baron Georges Léopold Chrétien Frédéric Dagobert Cuvier (lair ing Montbéliard, 23 Agustus 1769 – pati ing Paris, 13 Mèi 1832 ing umur 62 taun) inggih punika panyelidik alam Perancis sarta zoolog. Panjenenganipun kangmas saking Frédéric Cuvier (1773–1838) ingkang dados panyelidik alam ugi. Piyambakipun tokoh utami babagan daur ngèlmu pangetahuan ing Paris nalika awal abad kaping-19 sarta ngadhegaké lapangan anatomi komparatif sarta paleontologi, mbandingaké kéwan urip kaliyan fosil. Kasilipun Cuvier ingkang kawentar inggih punika Règne animal distribué d'après son organisation (1817; diterjemahaké maring basa Indonesia dados Kingdom animalia). Panjenenganipun séda ing Paris amargi koléra.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne