Latar wuri | |
---|---|
Asal | Bandung, Indonesia |
Genre | Pop, Rock |
Taun aktif | 1994-sekarang |
Label | Atlantic Record (1994-1996) Ceepee Production (1997-1998) Sony Music Indonesia (1998-2008) POS Record (2008-) Universal Music Indonesia (2009-) |
Situs wèb | GIGI online |
Anggota | |
Armand Maulana Déwa Budjana Thomas Ramdhan Gusti Hendy | |
Mantan anggota | |
Aria Baron Ronald Fristianto Opet Alatas Budhy Haryono |
Gigi iku jeneng salah siji grup musik kang ana ning Indonésia, kang lair ning kutha Bandung, Indonésia. Band iki nganut jinis musik pop lan rock. Golongan iki ngadek tanggal 22 Maret 1994, kanthi anggota Aria Baron, Thomas Ramdhan, Ronald Fristianto, Déwa Budjana lan Armand Maulana.[1][2]
Sasuwene iki grup band Gigi wis ngalami owah ing personile. Personile gigi saiki ya iku, Armand Maulana, Déwa Budjana, Thomas Ramdhan, lan Gusti Hendy.[1] Albume Gigi kang pisanan irah-irahane Angan (1994), banjur ing taun 1995 album nomer lorone kang irah-irahe Dunia, bisa gawé para pandhemene Gigi bebungah.[1] Saka album iku lagu kang irah-irahane Janji dadi lagu kang disenengi deneng pandhemen Gigi, album mau kadol nganti 400.000 copy.[1]
Baron, salah siji anggota saka Band Gigi metu ing sasi September 1995. Banjur Thomas lan Ronald uga metu nalika sasi November 1996.[1] Gigi kang mung duwé anggota loro, banjur akhiré ngajak Opet Alatas (bassis) lan Budhy Haryono (drumer), gabung ing Band Gigi.[1]
Gigi ngetokaké album terusané 3/4 ing 1996, banjur album 2x2 taun 1997. Ing kono Gigi ngajak Billy Sheehan (Mr. Big) ing bass ing lagu Cry Baby. Gigi uga ngajak Indra Lesmana berkomposisi ing lagu Tractor.[1] Ing tanggal 22 Maret 1999 Thomas kang rampung nglakoni rehabilitasi lumebu manèh ing grup Gigi nalika taun 2006. Kasil ing album kang sipate agamis kang irah-irahe Pintu Sorga.[1]
Nalika tanggal 31 Maret 2009, Gigi ngetokaké buku biografi kanthi irah-irahan 15 Tahun Gigi. Ing taun 2009 Gigi ngetokaké album kang irah-irahe Self Title Gigi.[1]