Gita Gutawa | |
---|---|
![]() | |
Lair | Aluna Sagita Gutawa |
Jeneng liya | Gita Gutawa, gita, luna |
Pakaryan | Penyanyi, Penulis lagu, Aktris |
Taun aktif | 2004-sekarang |
Wong tuwa | Erwin Gutawa (ayah) Lutfi Andriani (ibu) |
Sana jaringan | www.gitagutawa.com/ gitagut.blog.com |
Aluna Sagita Gutawa (langkung misuwur kanthi asma Gita Gutawa; lair ing Jakarta, 11 Agustus 1993; umur 31 taun) inggih punika salah satunggaling artis, panyerat lagu, lan penyanyi rumaja saking Indonésia ingkang gadhah swanten sopran.[1] Gita Gutawa naté rekaman album ing Wina, Ostenrik kaliyan orkéstra bapakipun, Erwin Gutawa.[1] Gita Gutawa naté pikantuk kanugrahan International 6 Nil Child Song Festival ing Mesir[2], piyambakipun ugi naté pikantuk Nickelodeon Indonésia Kids Choice Award minangka penyanyi èstri favorit.[1] Piyambakipun ugi naté pikantuk kanugrahan SCTV Musiic Awards 2007, Penghargaan Musik Indonésia (AMI) 2008.[2]