Globalisasi

Budaya mall ing Jakarta. Fénoména mekaripun mall-mall ing sadaya pelosok donya nedahaken sampun dumadosipun globalisasi.

Globalisasi punika satunggiling istilah ingkang gadhah sesambetan kaliyan paningkatan silih-gandhèng lan silih-gumantung antarbangsa lan antarmanungsa ing saindhenging donya lumantar perdagangan, invèstasi, lelampahan, budaya populèr, lan wujud-wujud interaksi ingkang sanès saéngga wates-wates satunggiling nagari dados samar.

Ing kathah prakawis, globalisasi gadhah kathah karakteristik ingkang sami kaliyan internasionalisasi saéngga kakalih istilah punika asring silih-gentos. Sabagéyan pihak asring ngginakaken istilah globalisasi ingkang sesambetan kaliyan saya kirangipun peran nagari utawi wates-wates nagari.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne