Gravitasi kasrengèngèn/ solar nyababaken benda-benda langit woten ing posisi orbitipun piyambak-piyambak salebetipun ngubengi srengéngé. Gravitasi gaya tarik-tumarik ingkang kadadosan antawesipun sadaya partikel ingkang nggadhahi massa ing alam jagad. Fisika modhèren ngandharaken gravitasi migunakaken Téyori Relativitas Umum saking Einstein, nanging ukum gravitasi universal Nyuton ingkang langkung prasaja minangka ukum ingkang cekap akurat salebeting kathahipun prakawis.
Minangka tuladha, bumi ingkang nggadhahi massa ageng sanget ngasilaken gaya gravitasi ingkang ageng ugi kanggé narik benda-benda ing sisihipun, kalebet makluk urip, lan benda-benda ingkang woten Bumi. Gaya gravitasi punika ugi saged narik benda-benda ingkang woten sak njawinipun bumi, kadosta bulan, météyor, lan benda akasa lintunipun, kalebet satelit damelan manungsa.