Aksara Latin
|
Gunung Lawu | |
---|---|
![]() | |
Titik dhuwur dhéwé | |
Èlevasi | 3,265 mèter (10,712 ft)[1] |
Prominèn | 3,118 mèter (10,230 ft)[2] |
Isolasi | 127 kilometres (79 mi) |
Pratélan | Ultra Ribu |
Géografi | |
Location | Jawa, Indonésia |
Géologi | |
Jinisé gunung | Stratovolcano |
Panjeblug pungkasan | 1885 |
Gunung Lawu (3.265 m) dumunung ing Pulo Jawa, Indonésia, persisé ing wates Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Status gunung iki ya iku gunung geni "istirahat" lan wis suwé ora aktif, katon saka rapeté vegetasi sarta pucuké kang kena érosi. Ing lerengé ana kepundhan cilik kang isih ngetokaké keluk (fumarol) lan welirang (solfatara). Gunung Lawu duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan alas Ericaceous.
Gunung Lawu duwé loro pucuk, Pucuk Hargo Dalem lan Hargo Dumilah. Kang pungkasan iki minangka pucuk kang paling dhuwur.
Ing lèrèng gunung iki ana sawatara panggonan kang populèr minangka jujugan plesiran, mligi ing laladan Tawangmangu, Cemorosewu, lan Sarangan. Rada mengisor, ing sisih kulon ana loro komplek candhi saka mangsa pungkasan Majapahit: Candhi Sukuh lan Candhi Cetho. Ing sikil gunung iki uga dumunung komplek pamakaman kerabat Praja Mangkunagaran: Astana Girilayu lan Astana Mangadeg. Ing cedhak komplek iki dumunung Astana Giribangun, pasaréan kanggo kulawarga présidhèn kaloro Indonésia, Suharto.