Gunung Srandil ya iku bukit sing ana ing Glémpangpasir, Kacamatan Adipala.[1] Adohé antarané objek wisata iku karo Kutha Cilacap kira-kira 30 km arah lor-wétan (ngalor rada ngetan sithik).[1] Srandil asalé saka tembung srana lan adil, kang duwé teges gunung Srandil iku sarana kanggo golék keadilan urip, panggon kanggo ngasah awak lan golék artiné urip.[2] Akèh wong kang nganggep utawa ngerti gunung srandil lan akèh uga kang nganggep Gunung Srandil iku dadi panggonan kanggo pesugihan.[2] Gunung Srandil iku awujud panggon Ziarah Kubur kang saknjeroné ana makam para leluhur saka tanah Jawa.[2] Gunung Srandil manggon ana ing pasisir pasisir kidul, pasé ana ing Désa Glempang Pasir, Kacamatan Adipala, Kabupatén Cilacap, Jawa Tengah.[2] Lokasi Gunung Srandil sajatiné isih ana ing naungané TNI Angkatan Dharat, kang dikelola déning DENZIBANG (Detasemen Zeni dan Wangunan).[2] Kanggo nguri-uri Gunung Srandil dilakoké kanthi pribadi-pribadi masarakat kono.[2] Konon Présidhèn RI Sukarno Lan Suharto uga sok rawuh ana ing Gunung Srandil Kanggo nglakoni Laku spiritual.[3] Ana ing dina-dina mirunggan, kaya malem Selasa Kliwon lan Jemuwah Kliwon, kompléks Gunung Srandil ramé karo wong-wong saka laladan liya kaya Purwokerto, Sala, Yogyakarta, Surabaya, Semarang, Bandhung, Jakarta nganti tekan Bandar Lampung lan laladan liya saka luar Jawa.[4] Gunung Srandil saksuwéné iki dipercaya dadi pusat lahiré kabudayan Jawa.[4] Ana ing Pesanggrahan Jambé Pitu, dipasang foto Pak Harto kang nganggo busana adat Jawa.[4] Berkain bathik, berjas beskap, lan nganggo blangkon, sarta nganggo keris.[4] Ana ing gunung srandil iki uga sok ditindakaké ritual-ritual kang kebak magis.[5] Ritual-ritual mau dikenal karo jeneng suran.[5]