Gunung Merbabu

Merbabu
Dunungé Boyalali, Magelang (Jawa Tengah),
Kutha cedhaké {{{kutha}}}
Negara Indonésia
Tipe stratovolcano
nJeblug pungkasan 1797
Dhuwuré 3.145 m (10.630 sikil)
Koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT
Merbabu dideleng saka Dalan Tol Semarang–Sala

Gunung Merbabu (uga karan Damalung) (Jawa: ꦒꦸꦤꦸꦁꦩꦼꦂꦧꦧꦸ) iku gunung geni tipe Strato (deleng Gunung geni) kang dumunung kanthi géografis ing koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT.[1] Sacara administratif gunung iki dumunung ing wewengkon Kabupatèn Magelang ing pèrèng sisih wétan lan Kabupatèn Boyalali ing pèrèng sisih kulon, Provinsi Jawa Tengah.[1]

Gunung iki tau njeblug ing taun 1560 lan 1797.[1] Dilaporaké uga ing taun 1570 tau njeblug, nanging durung dikonfirmasi déning panelitèn sabanjuré.[1] Pucuk gunung Merbabu dumunung ing elevasi 3.145 mèter sadhuwuring sagara.[1]

Gunung Merbabu duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan hutan Ericaceous utawa alas gunung.[1] Dhuwuré Gunung Merbabu yaiku 3.142 m dpl.[2] Gunung Merbabu kalebu gunung api kang tuwa.[2] Lokasi Gunung Merbabu ana ing sisih lor Gunung Merapi.[2]

Gunung Merbabu duwé 3 tipe ékosistem alas.[1] Ékosistem iki yaiku ékosistem hutan hujan tropis mangsa pegunungan bawah (1.000-1.500 m dpl), ékosistem hutan hujan tropis mangsa pegunungan tinggi (1.500-2.400 m dpl), lan ékosistem hutan tropis mangsa sub-alpin (2.400-3.142 m dpl).[1]

Merbabu kalebu gunung volcano kang manggon ing Jawa Tengah.[3] Ing Gunung Merbabu akèh turis-turis saka Indonésia lan saka manca nagara kang lumrahé munggah gunung iki.[3]

  1. a b c d e f g h merbabunationalpark.org Archived 2011-05-13 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 Mèi 2011)
  2. a b c [khatulistiwa.info/gunung/39-gunung-merbabu.html khatulistiwa.info](dipunundhuh tanggal 27 Mèi 2011)
  3. a b theincrediblejava.com Archived 2010-11-30 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 28 Mèi 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne