Gusti Muhammad Hatta | |
---|---|
Mantri Panlitèn lan Pariundhagi ke-11 | |
Linggih 19 Oktober 2011 – 20 Oktober 2014 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Suharna Surapranata |
Kang sawisé | Mohamad Nasir |
Mantri Parikubeng Indonésia ke-8 | |
Linggih 22 Oktober 2009 – 19 Oktober 2011 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Rachmat Witoelar |
Kang sawisé | Berth Kambuaya |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Banjarmasin, Kalimantan Selatan, Indonésia | Sèptèmber 1, 1952
Bangsa | Indonésia |
Almamater | Universitas Lambung Mangkurat Universitas Gajah Mada Universitas Wageningen |
Gusti Muhammad Hatta (lair ing Banjarmasin, Kalimantan Selatan, 1 Sèptèmber 1952; umur 72 taun). Gusti Muhammad Hatta iku guru besar Universitas Lambung Mangkurat kang dadi Mantri Parikubeng ing Kabinèt Indonésia Bersatu II.[1]
Gusti Muhammad hatta iku lulusan Fakultas Kehutanan Universitas Lambung Mangkurat, Magister Sains Pascasarjana Universitas Gadjah Mada, lan Dhoktor saka Universitas Wageningen kang manggon ing Walanda.[1] Gusti Muhammad Hatta iki mduwéni karir dadi dhosen ing Universitas Lambung Mangkurat.[1]
Mantri Parikubeng (Menneg LH), Prof Dr. Gusti Muhammad Hatta janji yèn dhèwèké bakl mbukak hotline (gayutan langsung) karo mediya.[2] Janji iki diucapké nalika jumpa pens ing ruwang Kalpataru Gedung Kementerian Nagara Lingkungan Hidup, sawisé serah terima kalungguhan karo mantri sadurungé yaiku Prof. Rachmat Witoelar.[2] Nganti seprene gayutan hotline, antarané awak médhia karo mantri lan pejabat ing lingkungan Kementerian Nagara Lingkungan Hidup, cukup mbiyantu nglancaraké tugas awak médhia ing babagan akses informasi utawa mung kanggo klarifikasi lan konfirmasi anané pawarta.[2] Ngenani kesiapan Kementerian Nagara Lingkungan Hidup sajeroning ngadhepi 3 pertemuan internasional owah-owahan iklim yaiku IPCC, Pertemuan Nagara Islam Sedunia kanggo mbahas owahing Iklim, lan COP 15 UNFCCC ing Kopenhagen, mantri nagara lingkungan hidup ora duwé pambengan.[2] Gusti Muhammad Hatta nerangake babagan anané departemen anyar ing kementrian nagara lingkungan hidup, Gusti nerangaké yèn pesen présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono supaya ora nambah manèh kalembagaan kang wos ana.[2]