Panganggit | Armijn Pane (panerjemah) |
---|---|
Nagara | Indonesia |
Basa | Indonesia |
Gènre | Biografi |
Pangecapan | Balai Pustaka |
Kala babar | 2005 |
Kaca | IX, 204 kaca |
ISBN | 979-407-063-7 |
Habis Gelap Terbitlah Terang dipunterbitaken malih ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku pertalan saking Door Duisternis Tot Licht taun 1938. Buku pertalan Armijn Pane punika dipuncithak kaping kalihlikur, inggih punika ingkang wiwitan taun 1938[1] lan kaping kalihlikur taun 2005. Armijn Pane nyawisaken serat-serat Kartini ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku sadèrèngipun. Panjenenganipun milah kempalan serat-serat kasebat dados gangsal bab pambahasan. Pambagéan kasebat panjenenganipun lampahi kanggé nedahaken wontenipun tahapan utawi éwahing sikap lan pamikiran Kartini salaminipun korespondénsi. Ing buku versi énggal kasebat, Armijn Pane ugi nyiutaken cacahing serat Kartini. Namung wonten 87 serat Kartini ing "Habis Gelap Terbitlah Terang". Panyebab boten dipunamotipun sadaya serat ingkang wonten ing buku acuan Door Duisternis Tot Licht, inggih punika wontenipun kamèmperan ing sapérangan serat. Alesan sanès inggih punika kanggé njagi lampahing cariyos supados kados roman. Miturut Armijn Pane, serat-serat Kartini saged dipunwaos minangka satunggaling roman kagesangan pawéstri. Pupunika ugi ingkang dados salah satunggaling wedharan alesan serat-serat kasebat dipunwilah dados gangsal bab pambahasan.