Hades


Hades (Basa Yunani: ᾍδης, Hadēs, utawi Ἅιδης, Háidēs) punika déwa bawah tanah wonten ing mitologi Yunani [1]. Hades punika putra paling sepuh saking Kronos lan Rea. Hades sesarengan kaliyan sedhèrèkipun ngalahaken para Titan lan mendhet alih kakuwasaan donya. Zeus, Poseidon, lan Hades piyambaj punika ngawontenaken undian kanggé nemtokaken papan kakuwasaan lajeng Hades punika pikantuk donya bawah [2]. Amargi asosiasinipun kaliyan donya bawah, Hades asing dipunwastani minangka déwa kematian nanging sajatosipun boten.

Wonten ing mitologi Romawi, Hades dipunsebat minangka Pluto, Dis Pater, lan Orkus. Déné wonten ing mitologi Etruska déwa ingkang sami punika Aita. Simbol kanggé Hades punika Helm kegelapan lan anjing berkepala tiga, Kerberos.

Istilah Hades wonten ing kekristenan lan wonten ing Basa Yunani Koine punika sami kaliyan sheol ing ajaran Yahudi (שאול, kuburan utawi bolongan ing bumi) lajeng merujuk dhateng papan kanggé rohipun manungsa. Déné konsèp neraka wonten ing agami Kristen punika langkung mirib kaliyan konsèp Tartaros ing mitologi Yunani, péranganing Hades ingkang peteng lan medeni punika kaginakaken kanggé papan penyiksaan lan penderitaan.

  1. [1][pranala mati permanèn], (id) Asal usul déwa Hades menurut sajarah Yunani (dipunakses tanggal 24 Januari 2013).
  2. Apollodorus, i. 1. § 5, 2. § 1

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne