Hamburger (utawa kang luwih asring diarani burger) iku panganan kang wujudé arep kaya sandwich kang kapérang saka roti bunder satangkup, daging kang diasepi (padhatan nganggoné daging sapi, kadhang-kadhang daging babi utawa kombinasi saka pirang-pirang daging) padhatan disèlehaké ing sajeroning roti satangkup. Hamburger kerep disajikaké karo slada, daging beluk, tomat, bawang bombay, acar, keju, lan bumbu-bumbu kaya ta mustard, mayonès, saus tomat.[1] Konsumen hamburger wis ngancik tekan sakabehing donya lan tumuwuh kanthi apik.
Hamburger uga bisa dicakaké ing patty, apa manèh ing Inggris tembung "patty" arang-arang dienggo, sanajan réstoran "hamburger" ing nagara-nagara Persemakmuran arang-arang nganggo tembung iku kajaba ngrujuk menyang item menu saka Amérika.