Handry TM

Handry TM (lair ing Kota Semarang, Jawa Tengah, 23 Sèptèmber 1963; umur 61 taun) ya iku salah sawijiné sastrawan saka Indonésia. Awit ésih sekolah, dhèwèké wis asring nganggit karya sastra mligi gancaran. Pakaryané wis akèh dimot ing sawenèh ariwarta kaya ta Kompas, Suara Merdeka, Suara Pembaruan, Hai, Suara Karya, Gadis, Esquire Indonesia, Story, lan liya-liyané. Kabut Bening iku karyané Handry awujud novelet kapisan kang kasil nglumantaraké nampani bebungah ing Sayembara Penulisan Novelete Kalawarta Gadis (1991).[1][2][3] Taun 2017, Handry kapilih dadi Katua Dewan Kesenian Semarang, sawisé ngayahi jejibahan minangka salah sawijiné pengurus ing Dewan Kesenian Jawa Tengah.[4][5] Handry TM kacathet minangka salah sijiné panggurit ing Komunitas Negeri Poci. Saliyané nganggit, dhèwèké uga prigel gawé filem-filem cekak awujud musik vidéo lan carita.

  1. Gramedia Pustaka Utama: Detil penulis: Handry TM Archived 2021-12-16 at the Wayback Machine., dijupuk 21 Fèbruari 2015
  2. Bentara Budaya: Bedah novel Kancing yang terlepas Archived 2015-02-21 at the Wayback Machine., dijupuk 21 Fèbruari 2015
  3. Situs resmi BKKBN Jawa Tengah Archived 2020-11-01 at the Wayback Machine., dijupuk 21 Fèbruari 2015
  4. Koran Sindo Handry TM Pimpin Dewan Kesenian Semarang, dijupuk padha 5 Fèbruari 2017
  5. Tribun Jateng Handry TM Terpilih Nahkodai Dekase 4 Tahun ke Depan, dijupuk padha 5 Fèbruari 2017

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne