Harun Thohir utawa kang luwih misuwur kanthi jeneng Kopral Anumerta Harun Said (lair ing Bawean, Kabupatén Gresik, Jawa Wétan, 4 April 1947 – kapundhut ing Singapura, 17 Oktober 1968 nalika umur 21 taun) iku saka anggota KKO (Korps Komando Operasi; saiki diarani Marinir) Indonésia kang dicekel ing Singapura nalika ana kedadeyan Konfrontasi karo Malaysia. Bebarenngan karo anggota KKo liyané kang jenenge Usman, dhèwèké diukum gantung déning pmrentahan Singapura nalika sasi Oktober 1968. Dhèwèké diarani masang bom ing punjere kutha ing Singapura nalika tanggal 10 Maret 1965. Dhèwèké disarekake ing TMP Kalibata, Jakarta.