Hastomo Arbi (jeneng Tionghoa: Ang Tjong Hauw) yaiku salah sawijining atlet badminton kalairan 5 Agustus 1958 ing Kudus, Jawa Tengah. Bapaké yaiku Agus Susanto (jeneng Tionghoa: Ang Tjik Bik) punggawa ing pabrik rokok Djarum, ngakon dhèwèké nggamblok ing klub Djarum kanthi guru badmintoné yaiku bapaké dhéwé lan Anwari. Dhèwèké nyekel rakèt wiwit nalika isih umur 7 taun.[1]