Hefaistos (Grikenlan: Ἥφαιστος, Hēphaistos) ana ing mitologi Yunani ya iku déwa tèknologi, pandhé wesi, pengrajin, pemahat, logam, metalurgi, geni, lan gunung geni.[1] Ana ing mitologi Romawi dhèwèké ditepungi dadi Vulkanus.[2] Hefaistos ya iku putra saka Zeus lan Hera.[2] Dhèwèké duwé peran dadi pandhé wesi kanggo para déwa utawa asring nggawé piranti lan gegaman kang migunani kanggo para déwa.[2] Hefaistos disembah ana ing kabèh panggon indhustri lan manufaktur ing Yunani mligi ana ing Kutha Athena.[2] Simbol saka Hefaistos ya iku palu, landhesan wesi, lan panjepit. Dhèwèké uga digambaraké lagi nyekel kapak. Kuil Hefaistos manggon ana ing cedhaké agora ing kutha Athena.[2]