Husain bin ‘Alī bin Abī Thālib (Basa Arab: حسين بن علي بن أﺑﻲ طالب) (3 Sya‘bān 4 H-10 Muharram 61 H; 8 Januari 626-10 Oktober 680 AD) yaiku putuné Muhammad kang minangka putra saka Fatimah az-Zahra lan Ali bin Abi Thalib. Husain minangka Imam kaping telu saka akèeh-akèhé sekte Singah, lan Imam kapindho tumrap liyané. Dhèwèké diurmati déning Sunni amarga dhèwèké minangka Ahlul Bait. Dhèwèkè uga diurmati banget déning kaum Sufi amarga kaanggep dadi Waliy Mursyid kang kapindho sawisé bapaké mligi tumrap tarékat Qadiriyyah ing sakabehing dunya lan tarékat Alawiyyah ing Hadramaut.