|
Idul Adha (basa Arab: عيد الأضحى) iku dina riyaya Islam. Ing dina iki dipèngeti prastawa kurban, nalika nabi Ibrahim (Abraham), kang gelem ngurbanaké putrané Ismail marang Allah, banjur diganti karo wedhus déning kersaning Allah.
Kayadene Idul Fitri, Idul Adha uga ana salat id. Sawisé salat, banjur dianakake kurban minagka pratndha utawa pralambang Nabi Ibrahim kang kanthi iklas ngurbanake putrane, Ismail dhumateng Allah.
Dina Riyaya Idul Adha iku ing tanggal 10 sasi Dulhijah, dina iki pas 70 dina sawisé Idul Fitri. Ing wayah Idul adha iku wong Islam ora dientuke pasa, karam ukume kanggo pasa.
Punjere riyaya Idul adha iku ana ing désa cilik ing Arab Saudi kang arane Mina, cedhak Mekah. Ing kono ana tugu kang cacahé telu, kang dadi pralambang iblis. Nalika wayahe bada para kaji ing kana nglakoni ritual utawa ngibadah nguncal jumrah. Ing kono para jemaah kaji ngantemi tugu kang cacahé telu iku mau ngganggo watu jumrah.
Bada Idul Adha iku dadi dina kang paling wigati nalika ngibadah kaji kanggo wong Islam.