Ihsan Ihsan saking témbung (khasuna) ing tégésé damél kaapikan. Béntuk masdaripun inggih punika (ihsan) ing tégésé kéapikan. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep;
jeneng ora trep, contoné amarga kakèhan
Ihsan inggih punika nglampahi ngibadah kanti kusyuk, iklas, lan yakinAllah jaga kita lan mangertosi punapa kemawon ingkang manungsa lampahi.[1]
Ihsan inggih punika Iklas lan pénuh perhatian, tégésipun sépénuhnya iklas kanggé Ibadah namung dateng Allah kanti penuh merhatekake.[2]
Ihsan inggih punika pucak ngibadah lan Akhlak ingkang senantiasa dados target sadaya hamba Allah. Amergi, ihsan dadosaken kita sosok ingkang ngasilaken kamulyan saking Allah, manawi seorang hamba ingkang boten mampu nyapai target punika boten gadhah kasempatan ing duduki panggènan kahormatan saking Allah.
Islam kabangun saking 3 landasan inggih punika, Iman, Islam, saha Ihsan. Kados ingkang sampun dipunjlentrehaken dateng Rasulullah saw. Hadis ingkang sampun shahih. hadist punika nyariosaken wanci rasulullah saw, jawab pitakèn saking Malaékat Jibril ingkang nyamar dados manungsa, ngenani Islam, Iman, Ihsan. Rasulullah saw bersabda déning para sahabatipun "Punika Jibril ingkang dateng ngajaraken dateng sadaya babagan agami", Rasulullah saw nyebataken tiga kalawau dados agami, saha Allah, dawuh merintahaken nglampahi ihsan ing kathah panggènan ing salebeting Al-Qur’an.[3]