Tuanku Imam Bonjol yaiku Pahlawan kang séda ing seberang, tepaté ing Minahasa cedhak karo Pineleng, Sulawesi Utara, nalika tanggal 6 November 1864.[1] Dhèwèké asalé saka Sumatra Barat.[1] Jeneng Tuanku Imam Bonjol iku gelar kang diwènèhi déning guru-guru agama ing Sumatra.[1] Jeneng asliné Imam Bonjol yaiku Peto Syarif Ibnu Pandito Bayanuddin.[1] Dhèwèké pemimpin kang paling kaloka wektu obahan Padri ing Sumatra, kang awal mulane nglawan perjudian, padu ayam,nganggo opium, ombenan keras, tembako, lan liya liyané.[1] Nanging seteruse ngadakake perlawanan karo penjajahan Walanda, kang \bnjalari\b perang Padri(1821-1838).[1] Wonten ing taun 1837, désa Imam Bonjol direbut déning Walanda, lan akhire Imam Bonjol nyerah.[1] Dhèwèké terus diasingke ing pirang-pirang panggonan, lan pungkasané digawa ana ing Minahasa.[1] Dhèwèké diakui dadi Pahlawan Nasional.[1]