Incheon

Kutha Metropolitan Incheon
Lokasi
Jeneng basa Korea
Hangul: 인천 광역시
Hanja: 仁川廣域市
Alihaksara Anyar: Incheon Gwang-yeoksi
McCune-Reischauer: Inch'ŏn Kwang'yŏksi
Data lan statistik(2009
Jembar: 986,96km²
Pedunung: 2.728.431 jiwa
Kapadhetan: 2.689 jiwa/km²
Pamérangan administratif: 8 gu, 2 gun
ISO 3166-2: KR-28
Situs resmi: http://www.incheon.go.kr

Incheon inggih punika satunggaling kutha metropolitan lan pelabuhan utama wonten ing pesisir kulon Korea Kidul. Mapanipun kanthi astronomis 37°29′ LU 126°38′ BT. Kutha paling ageng angka 3 wonten ing Koréa Kidul saksampunipun Seoul lan Busan ingkang gadhah populasi langkung saking 2,6 yuta jiwa. Incheon punika kutha ingkang wigati ingkang gadhah kagunan dados kutha pelabuhan lan ugi transportasi wonten ing Asia lor-wetan. Bandar Udara Internasional Incheon dipunbikak nalika taun 2001 lan sampun dados salah satunggal bandar udara ingkang saé piyambak wonten ing donya.

Incheon punika kalebet salah satunggal tuan rumah Piala Donya FIFA 2002. Wonten ing bidang ekonomi, Incheon punika salah satunggaling kutha wigati saking kalih Zona Ekonomi Bebas Koréa Kidul. Incheon punika dados zona bisnis lan finansial sareng kaliyan Zona Ekonomi Bebas Busan-Jinhae.

Wewengkonipun Incheon punika gadhah 42 pulau ingkang wonten pendudukipun lan 112 ingkang boten wonten pendudukipun. Pulau-pulau utama dipunsambetaken kaliyan kreteg, ing antawisipun Pulau Yongyu, Yeongheung lan Seonjae. Pulau-pulau ingkang langkung tebih ing antawisipun Pulau Baengnyeong, Yeonpyeong lan Daecheong. Pantai-pantai wonten ing sakiwa tengenipun Incheon punika dados objek panaliten lan wisata kadosdene rekreasi, langi, mancing lan siram lumpur.

Nalika Perang Korea kedadosan, kathah tiyang ingkang ngungsi saking Hwanghae ingkang pindhah dhateng Incheon dumugi samenika seni lan budaya khas Korea sisih lor tasih ing wilayah Eunyul Talchum (sendratari topeng Eunyul) lan lagu rakyat saking wewengkon kulon (Seodo Sori).

Minangka papan kanggé mlebet dhateng Koréa ingkang dipunbikak wonten ing periode Joseon, Incheon punika gadhah manéka tilaran sejarah saking jaman wau. Incheon punika satunggaling kutha wonten ing Koréa ingkang gadhah pecinan. Tiyang Tionghoa ingkang sapisan mlebet dhateng Incheon wiwit saking 1800-an, wiwit Koréa wiwit tinarbuka marang donyaning njawi. Pecinan Incheon punika mapan wonten ing distrik Seollin-dong ingkang dipunagem déning warga Tionghoa generasi kaping 2 utawi kaping 3.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne