Indra, utawa Dharanindra, ya iku raja saka Wangsa Syailéndra kang mréntah kurang luwih taun 782. Jeneng Indra utawa Dharanindra katemu ing sajeroning Prasasti Kelurak, kanthi gelar Sri Sanggrama Dhananjaya.[1] Panjenengné kapercaya kasil menangaké utawa njembaraké tlatah kakuwasan Wangsa Syailéndra nganti ujung Melayu uga daratan Indocina. Para sejarawan isih akèh sing nduwé béda panemu ngenani sapa sajatiné raja iku.[1]