Ing wiracarita Ramayana, Ahalya (basa Sanskerta|Sanskerta: अहल्या; Ahalyā) utawa Indradi yaiku bojoné Resi Gautama. Tembung Ahalya ateges "kang ora ngalami pangowahan" (awèt nom, abadi). Ahalya manggon ana ing siji asrama bebarengan karo Resi Gautama. Dhèwéké duwé rupa kang ayu banget, mula Déwa Indra dadi kasengsem.