Isa

Isa (basa Arab:عيسى, `Īsā) (watara 1 - 32M) diangkat dadi nabi kanggo nyiarake/nyebarake agama marang kaum Bani Israil. Inti ajaran kang digawa dening Nabi Isa padha karo ajaran Islam saiki yaiku mung nyembah 1 gusti, yaiku Allah. Kitab kang mudhun kanggo panjenengane yaiku Injil. Nabi Isa as nduweni shahabat/murid cerak kang misuwur kanthi jeneng Al-Hawariyyun kang cacahe 12 wong. Nabi Isa as dioyak-oyak dening prajurit keratone Herodes kang banget kejem. Pungkasane Nabi Isa as bisa kapikut amarga pitulungane Yahuda, shahabate Nabi Isa as kang malik tingal saka panjenengane. Amarga pitulungane Allah mula Nabi Isa as dislametake lan diangkat menyang langit ing umur 33 taun.

Menara Isa ing Masjid Agung Umayyah, pinercaya minangka papan tumurune Kanjeng Nabi Isa mbesuk ing dina kiyamat, dumunung ing Kutha Damaskus, Suriah

Babagan kerasulan Nabi Isa as, iki dingendikakake dening Allah Swt:

"Al-Masih putrane Maryam iku mung Rasul. Sadurunge uga wis kliwat sawetara rasul. Lan ibune iku wong kang gocekan raket marang bebener..." (QS Al-Maidah:75)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne