Istanbul (basa Turki: İstanbul) iku kutha kang gedhé dhéwé ing Turki. Nganti taun 1930 kutha iki luwih umum dikenal déning wong barat kanthi jeneng Yunani-né ya iku Konstantinopel; sawatara ana kang ngarani Stambul, mligi ing abad kaping 19. Luwih adoh sadurungé, kutha iki uga naté dikenal minangka Bizantium utawa Byzantion. Kutha iki kang ndunungi 11 yuta jiwa.
Kanthi populasiné kang kurang luwih 11 nganti 15 yuta, Istanbul dadi kutha kang paling padhet kang ndunungi Turki lan ngrupaaké salah siji kutha gedhé dhéwé ing Éropah. Kutha iki uga dadi kutha krajan administratif Provinsi Istanbul.