J-Rocks | ||
---|---|---|
J-Rocks ジェ-ロックス | ||
Latar wuri | ||
Lair | 9 November 2003![]() | |
Jinis Musik | pop rock, j-pop, Dangdut | |
Taun aktif | 2003-saiki | |
Parusahan rekaman | Aquarius Musikindo | |
Diprabawani déning | L'Arc~en~Ciel, Malice Mizer, Muse, Nirvana | |
Situs resmi | http://j-rocks.co.id | |
Anggota | ||
Iman Taufik Rachman-vocal, gitar Swara Wima Yoga-bass Sony Ismail Robbayani-gitar Anton Rudy Kelces-drum |
J-Rocks ya iku grup musik saka Indonesia kang njupuk aliran Japanese pop/rock.[1] Grup iki ana wiwit tanggal 9 November 2003.[2] Grup band iki asalé saka Jakarta.[1] Personil grup band iki ya iku Iman minangka vokalis, Sony minangka gitaris, Wima minangka bassis, lan Anton minangka drummer.[1] Jeneng J-Rocks wiwit munggah sawisé dadi finalis lan dadi juwara pertama ing kontès musik kang dianakake Nescafe.[2] Ing kana, grup band iki bisa ngalahake rong grup band saingane, ya iku B-Five saka Makasar lan Cool Khas saka Yogyakarta.[2] Grup iki menang amarga warna musike kang durung ana ing Indonésia. Banjur grup band iki éntuk kontrak rekaman kang dilabeli Aquarius Musikindo.[1] Saiki, grup band iki bisa saingan karo grup band papan atas kaya déné Samsons, Padi lan Déwa.